Sunday, August 1, 2021

MC SERAH TERIMA MANTEN BAHASA JAWA


 

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakaatuh

Alhamdulillaahilladzii ahallanikah wa harromas sifah. Wassholaatu wassalaamu ‘alaa nabiyyinaa wa habiibinaa muhammadibni ‘abdillah wa’alaa aalihi washohbihi waman waalah. Amma ba’d.

 

Ingkang tuhu kinabekten poro sepuh lan pinisepuh. Dumatheng poro ‘alim, poro kyai, bopo haji lan ibu hajjah linangkung wonten ngarsanipun Bopo KH. Suhadi, Bopo Kyai Jalaludin ingkang tansah kulo mulyaaken. Dumatheng panjenenganipun ingkang hamengku gati nenggih keluwargo ageng panjenenganipun Bopo ......................................................sarimbit garwo. Soho kluwargo ageng panjenenganipun Bopo .....................................dalah ibu. Sanak lan kadang ingkang sinubo ing pakhormatan. Penganten sarimbit soho pengombyong saking tlatah.......................................ingkang kawulo hormati. Sedoyo tamu undangan, poro pilenggah ingkang kawulo hormati.

 

Langkung rumiyin kito tansah muji syukur dumatheng Alloh SWT ingkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan sehingga wonten siang meniko kito saged makempal saperlu anjenengi menopo ingkang dados pamundhutipun kluwargo Bopo...................................saperlu hangestreni lampahing toto adicoro dauping temanten ingkang nembih kemawon katitilaksono. Ingkang mugi-mugi ndadosaken berkah dumatheng kito sedoyo umumipun lan berkah dumatheng penganten kekalih khususipun.

 

Salajengipun Sholawat ugi salam kito aturaken dumatheng Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun paring kito uswatun hasanah kangge kito ing ndalem nglampahi gesang ing alam dunyo ngantos dumugi yaumul qiyamah.

Hadirin ingkang kawulo hormati, kawulo wonten ing mriki minongko pranoto acara badhe maosaken rantamaning adicoro ingkang sampun karacik dening kluwargo, inggih meniko:

 

Ingkang sepisan pambuko

Kalajengaken ingkang urut kalih atur pasrah pininganten kakung

Adicoro ongko tigo  atur penampining pininganten saking keluarga putri

Wondene adicoro ingkang pungkasan inggih meniko doa panutup

Pramilo ngengeti wekdal ingkang sawetawis siang monggo kito bikak adicoro kanti waosan ummul kitab. Dene imam kasuwun saking Bopo Kyai ................................ Dumatheng panjenenganipun wekdal soho papan kawulo aturaken sumonggo.

Matur nuwun dumatheng panjenenganipun Bopo Kyai .................................., mugi-mugi dados wasilah lancaripun adicoro ing siang meniko.

 

Adicara ingkang ongko kalih inggih meniko atur pasrah pininganten kakung. Dumatheng ingkang mewakili kawulo aturaken sumonggo.

Dumatheng panjenenganipun kawulo aturaken matursuwun.

 

Adicoro salajengipun atur penampining pininganten putri ingkang badhe dipun sarirani dening Bopo.................................. Dumatheng panjenenganipun wekdal soho papan kawulo aturaken sumonggo.

Dumatheng panjenenganipun kawulo aturaken matursuwun.

 

Hadirin ingkang kawulo hormati

Kalajengaken adicoro ingkang pungkasan, inggih meniko doa panutup. Dene imam kawulo suwun dumatheng panjenenganipun Bopo Kyai ..........................................

 

Saking kawulo anggenipun ndereaken adicoro, mbok bilih kawulo anggenipun matur katah klenta klentunipun ingkang mboten mranani wonten penggalih panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami.

Cekap semanten kulo akhiri

Wassalamu’alaikum Warahmatullohi Wabarokaatuh

 

Dumatheng panjenenganipun Bopo Kyai..................................... wekdal soho papan kawulo aturaken sumonggo.

LINK DOWNLOAD MC

MATUR NUWUN


No comments:

Post a Comment