Saturday, July 30, 2011

MC BAHASA JAWA

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
ALHAMDULILLAHIRABBIL 'ALAMIN. WASHOLATU WA SALAMU 'ALA ASYROFIL AMBIYAI WAL MURSALIN SAYYIDINA MUHAMMADIN WA 'ALA ALIHI WA ASHAABIHI AJMA'IIN. AMMAA BA'DU
Sepindah monggo kita tanshah nggunjuaken puji lan syukur dumateng ngarsa dalem Allah SWT, awit wonten ing kalodangan dhalu punika kita taksih kaparingan kasempatan, sahingga saged sesarengan makempal wonten ing (berisi tempat berlangsungnya acara) saperlu wonten salah satunggaling pawiwahan inggih punika mengeti Hari Ulang Tahun Republik Indonesia ingkang jangkep kaping 64, ing pangajab mugi-mugi adicara wonten ing dalu punika estu-estu beto barokah, manfangah, maslahah wonten dunya dumugi akhirat. Amin….
Sholawat lan salamipun gusti Allah mugi tansah katetepaken dumateng junjungan kita Nabiyullah Muhammad SAW, lumeber dumateng kita sedaya minangka ummatipun, ing pangajab mugi-mugi kita kalebet ummatipun ingkang pikantuk syafa’at. Allahuma amin….
Poro lenggah ingkang tuhu dahat kita hormati
Kawula wonten ing mriki minanggka pranoto coro badhe maosaken rantamaning adicara ingkang sampun kasusun deneng kadang panitia/kaluwarga (untuk acara lelayu kaluwarga duh kita), wondene rantamaning adicara nun inggih mekaten:
1.Adicara ingkang ongko setunggal dalah Pambuka
2.Kalajengaken adicara ingkang ongko kalih inggih punika waosan kalam ilahi
3.Dhungkap adicara ingkang onko tiga nun inggih atur pambagya sugeng rawuh
4.Tataran adi cara ingkang ongko sekawan inggih punika sumene
5.Kalajengaken adicara ingkang ongko gangsal mauidzoh khasanah
6.Kapungkasi adi cara ingkang ongko enem panutup
Bapak-bapak ibu-ibu ingkang kawula hormati
Anuhoni wekdal ingkang sampun dhungkap dalu pramila mangga-mangga adicara wonten ing dalu punika kita wiwiti sesarengan kanthi waosan basmalah sesarengan kawula derekaken, Bismillahirrahmanirrahim…
Mugi-mugi kanthi waosan basmalah kolo wau, adicara wonten ing dalu punika boten manggih alangan satunggaling punapa, amin…
Kalajengaken adicara ingkang ongko kalih inggih punika waosan kalam ilahi, wonten ing dalu punika kawula suwunaken dhumateng panjenenganipun Bapak Toriqul Umam, dhumateng panjenenganipun kawula aturaken sakcekapipun, sumonggo…
Mekaten kala wau waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an saking panjenenganipun Bapak Toriqul Umam, dumateng panjenenganipun kawula aturaken matur sembah nuwun.
Dhungkap adicara ingkang ongko tiga nun inggih atur pambagya sugeng rawuh, wonten ing dalu punika kawula suwunaken dhumateng panjenenganipun Bapak Ahmad Muhajir, dhumateng panjenenganipun kawula aturaken sakcekapipun, sumonggo…
Atur pambagyo sugeng rawuh lumantar panjenenganipun Bapak Ahmad Muhajir sampun paripurna, dhumateng panjenenganipun kawula aturaken matur sembah nuwun.
Poro lenggah ingkang kawula hormati
Tataran adicara ingkang ongko sekawan inggih punika sumene sakwetawis, dhumateng ngarsanipun kadhang wira nhem kawula sumangga aken sakcekapipun.
Teks kalimat mempersilahkan hadirin untuk menikmati hidangan
Bapak-bapak ibu-ibu ingkang kawula hormati, wonten ing ngarsa panjengan sami sampun lumantar pakurmatan pasugatan arupi unjukan saha lampiranipun, pramila kasuwun angrahapi kanthi eco sekecha, matur sembah nuwun.
Teks kalimat untuk melanjutkan acara setelah acara istirahat
Nuwun sewu, boten ateges ngirangi pakurmatan panjenengan sami anggenipun istirohah, ananging anuhoni wekdal ingkang sampun dhungkap dalu, pramila adicara wonten ing dalu punika badhe kita lajengaken.
Bapak-bapak ibi-ibu ingkang kawula hormati
Kalajengaken adicara ingkang ongko gangsal inggih punika mauidzoh khasanah saking panjenenganipun Ustadz Fatakhul Huda, dumateng panjenenganipun kawula aturaken sakcekapipun, sumangga…
Mauidzoh Khasanah lumantar panjenenganipun Bapak Ustadz Fatakhul Huda sampun paripurna, dhumateng panjenenganipun kawula aturaken matur sembah nuwun.
Kalajengaken adicara ingkang ongko enem dalah panutup
Ananging sakderengipun adicara wonten ing dalu punika kita pungkasi sesarengan, kawula amwakili saking sedaya kadang panitia/kaluwarga, ngaturaken agunging panuwun awit saking rawuh panjenengan sedaya, lan ing saklajengipun ngaturaken agunging pangapunten mbok bilih anggenipun paring padang, papan lan sanesipun boten andadosaken renaning penggalih, estu-estu kawula sakrencang nyuwun agunging pangapunten.
Lan kawula ing mriki minangka pranata cara mbok bilih anggenipun nderekaken saking awal dumugi akhir kathah kalepan saha kakirangan, sakestu kawula nyuwun agunging pangapunten.
Mangga-mangga adicara wonten ing dalu punika kita pungkasi sesarengan kanthi waosan khamdalah sesarengan, Alhamdulillahirobbil’alamin.
Cekap semanten Wa Billahi Taufik Wal Hidayah, Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh, sugeng khundur sugeng lelenggahan.

No comments:

Post a Comment