Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakaatuh
Alhamdulillaahilladzii ahallanikah wa harromas sifah. Wassholaatu
wassalaamu ‘alaa nabiyyinaa wa habiibinaa muhammadibni ‘abdillah wa’alaa aalihi washohbihi waman waalah. Amma ba’d.
Ingkang tuhu kinabekten poro sepuh lan pinisepuh. Dumatheng poro ‘alim,
poro kyai, bopo haji lan ibu hajjah linangkung wonten ngarsanipun Bopo KH.
Suhadi, Bopo Kyai Jalaludin ingkang tansah kulo mulyaaken. Dumatheng
panjenenganipun ingkang hamengku gati nenggih keluwargo ageng panjenenganipun
Bopo ......................................................sarimbit garwo. Soho
kluwargo ageng panjenenganipun Bopo .....................................dalah
ibu. Sanak lan kadang ingkang sinubo ing pakhormatan. Penganten sarimbit soho
pengombyong saking tlatah.......................................ingkang kawulo
hormati. Sedoyo tamu undangan, poro pilenggah ingkang kawulo hormati.
Langkung rumiyin kito tansah muji syukur dumatheng Alloh SWT
ingkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan sehingga wonten siang meniko
kito saged makempal saperlu anjenengi menopo ingkang dados pamundhutipun
kluwargo Bopo...................................saperlu hangestreni lampahing
toto adicoro dauping temanten ingkang nembih kemawon katitilaksono. Ingkang
mugi-mugi ndadosaken berkah dumatheng kito sedoyo umumipun lan berkah dumatheng
penganten kekalih khususipun.
Salajengipun Sholawat ugi salam kito aturaken dumatheng Nabi Agung
Muhammad SAW, ingkang sampun paring kito uswatun hasanah kangge kito ing ndalem
nglampahi gesang ing alam dunyo ngantos dumugi yaumul qiyamah.
Hadirin ingkang kawulo hormati, kawulo wonten ing mriki minongko
pranoto acara badhe maosaken rantamaning adicoro ingkang sampun karacik dening
kluwargo, inggih meniko:
Ingkang sepisan pambuko
Kalajengaken ingkang urut kalih atur pasrah pininganten kakung
Adicoro ongko tigo atur
penampining pininganten saking keluarga putri
Wondene adicoro ingkang pungkasan inggih meniko doa panutup
Pramilo ngengeti wekdal ingkang sawetawis siang monggo kito bikak
adicoro kanti waosan ummul kitab. Dene imam kasuwun saking Bopo Kyai ................................
Dumatheng panjenenganipun wekdal soho papan kawulo aturaken sumonggo.
Matur nuwun dumatheng panjenenganipun Bopo Kyai
.................................., mugi-mugi
dados wasilah lancaripun adicoro ing siang meniko.
Adicara ingkang ongko kalih inggih meniko atur pasrah pininganten
kakung. Dumatheng ingkang mewakili kawulo aturaken sumonggo.
Dumatheng panjenenganipun kawulo aturaken matursuwun.
Adicoro salajengipun atur penampining pininganten putri ingkang
badhe dipun sarirani dening Bopo.................................. Dumatheng
panjenenganipun wekdal soho papan kawulo aturaken sumonggo.
Dumatheng panjenenganipun kawulo aturaken matursuwun.
Hadirin ingkang kawulo hormati
Kalajengaken adicoro ingkang pungkasan, inggih meniko doa panutup. Dene
imam kawulo suwun dumatheng panjenenganipun Bopo Kyai
..........................................
Saking kawulo anggenipun ndereaken adicoro, mbok bilih kawulo
anggenipun matur katah klenta klentunipun ingkang mboten mranani wonten
penggalih panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami.
Cekap semanten kulo akhiri
Wassalamu’alaikum Warahmatullohi Wabarokaatuh
Dumatheng panjenenganipun Bopo Kyai.....................................
wekdal soho papan kawulo aturaken sumonggo.
MATUR NUWUN
No comments:
Post a Comment